KANCA KARIB AKSARA JAWA

 

ꦏꦚ꧀ꦕꦏꦫꦶꦧ꧀ Kanca KaribAnak, Teman Kartun, permainan, unduh, Konten gratis png | PNGWing

ꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦸ꧈​​ꦲꦶꦁ​​ꦱ꧀ꦠꦱꦶꦪꦸꦤ꧀ꦠꦸꦒꦸ꧈​​ꦄꦩꦶꦠꦭꦤ꧀ꦲꦤꦔꦺꦠꦺꦂꦏꦺꦲꦶꦭ꧀ꦢ꧈​​ꦏꦚ꧀ꦕꦏꦫꦶꦧꦺꦱꦶꦁ​​ꦲꦫꦺꦥ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦢꦃꦲꦶꦁ​​ꦱꦸꦫꦧꦪꦲꦩꦂꦒꦧꦥꦏꦺꦲꦶꦭ꧀ꦢꦢꦶꦠꦸꦒꦱ꧀ꦏꦺꦩꦫꦁ​​ꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺ꧉

ꦄꦩꦶꦠ꧈​​ꦲꦤ꧈​​ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦭ꧀ꦢꦮꦶꦱ꧀ꦏꦺꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠ꧀ꦏ꧀꧉​​ꦱꦺꦏꦺꦴꦭꦲꦺꦲꦸꦒꦩꦺꦱ꧀ꦠꦶꦥꦝ꧉

ꦤꦔꦶꦁ​​ꦲꦶꦁ​​ꦏꦺꦭꦱ꧀꧇꧙꧇​​ꦲꦶꦏꦶ꧈​​ꦲꦶꦭ꧀ꦢꦏꦸꦢꦸꦥꦶꦱꦃꦭꦶꦪꦏꦸꦛꦏꦫꦺꦴꦄꦩꦶꦠꦭꦤ꧀ꦲꦤ꧉

ꦆꦏꦶꦢꦶꦤꦱꦺꦠꦸ꧉​​ꦭꦸꦩꦿꦲꦺꦱꦧꦺꦤ꧀ꦱꦺꦠꦸ꧈​​ꦄꦩꦶꦠ꧀ꦮ꧀꧈​​ꦲꦤ꧈​​ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦭ꧀ꦢꦩꦺꦱ꧀ꦠꦶꦩ꧀ꦭꦏꦸꦩ꧀ꦭꦏꦸꦤꦶꦁ​​ꦩꦭ꧀ꦭ꧀꧉

ꦤꦔꦶꦁ​​ꦱꦺꦠꦸꦱꦺꦴꦫꦺꦲꦶꦏꦶꦗꦸꦱ꧀ꦠꦿꦸꦢꦢꦶꦮꦪꦃꦱꦶꦁ​​ꦒꦮꦺꦱꦺꦢꦶꦃꦲꦩꦂꦒꦏꦸꦢꦸꦥꦶꦱꦲꦤ꧀꧉

ꦫꦱꦤꦺꦱ꧀ꦠꦱꦶꦪꦸꦤ꧀ꦱꦶꦁ​​ꦫꦩꦺꦲꦶꦏꦸꦢꦢꦶꦱꦺꦥꦶꦲꦩꦂꦒꦏꦭꦃꦏꦫꦺꦴꦫꦱꦤꦺꦲꦠꦶꦧꦺꦴꦕꦃꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦱꦶꦁ​​ꦢꦶꦠꦶꦁꦒꦭ꧀ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺ꧉

 

ꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦸꦢꦸꦗꦒꦲꦮꦏ꧀ꦩꦸꦤꦶꦁ​​ꦏꦤꦲꦶꦭ꧀​​ꦏꦤ꧀ꦢꦄꦩꦶꦠ꧉

 

ꦧꦺꦤꦺꦂ꧈​​ꦲꦶꦭ꧀꧈​​ꦏꦺꦴꦮꦺꦠꦺꦠꦺꦥ꧀ꦏꦸꦢꦸꦱꦺꦩꦔꦠ꧀꧉​​ꦱꦶꦤꦲꦸꦱꦶꦁ​​ꦱꦿꦺꦒꦺꦥ꧀꧉​​ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦸꦒꦏꦸꦢꦶꦥꦶꦤ꧀ꦠꦺꦂ²​ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦚ꧀ꦕ꧉​​ꦏꦧꦺꦃꦏꦚ꧀ꦕꦩꦸꦲꦚꦂꦲꦶꦁ​​ꦏꦤ꧉​​ꦤꦶꦁ​​ꦲꦺꦭꦶꦁ​​ꦲꦺꦴꦫꦱꦧꦺꦤ꧀ꦏꦚ꧀ꦕꦲꦶꦏꦸꦲꦥꦶꦏ꧀꧉​​ꦩꦸꦁ​​ꦏꦸꦮꦶꦥꦺꦱꦺꦤ꧀ꦏꦸ​​ꦲꦤꦤꦩ꧀ꦧꦲꦶ꧉

 

ꦲꦶꦭ꧀ꦢꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦁꦱꦸꦭꦶꦏꦤ꧀ꦛꦶꦱ꧀ꦮꦫꦲꦭꦸꦱ꧀꧈​​​ꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦧꦺꦃꦏꦚ꧀ꦕꦏꦸꦱꦶꦁ​​ꦥꦭꦶꦁ​​ꦲꦥꦶꦏ꧀꧉​​ꦥꦺꦴꦏꦺꦴꦏꦺ꧈​​ꦗꦫꦏ꧀ꦲꦶꦏꦶꦲꦺꦴꦫꦩꦸꦠꦸꦱ꧀ꦏꦺꦏꦺꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧀ꦲꦮꦏꦺꦝꦺꦮꦺꦪ꧉​​ꦏꦶꦠꦩꦺꦱ꧀ꦠꦶꦠꦺꦠꦺꦥ꧀ꦲꦶꦱꦠꦺꦭ꧀ꦥꦺꦴꦤ꧀꧈​​ꦮ꦳ꦶꦢꦺꦪꦺꦴꦕꦭ꧀ꦭ꧀꧈​​ꦭꦤ꧀ꦖꦠ꧀ꦠꦶꦁ​​ꦱꦧꦺꦤ꧀ꦢꦶꦤ

 

ꦩꦺꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦺꦴꦧꦿꦺꦴꦭꦤꦺꦧꦺꦴꦕꦃꦠꦺꦭꦸꦏꦫꦺꦴꦔꦺꦤ꧀ꦠꦺꦤꦶꦱꦺꦥꦸꦫꦺꦠꦺꦏ꧉

 

ꦎꦫꦱꦸꦮꦺꦱꦺꦥꦸꦫꦺꦠꦺꦏ꧉​​ꦲꦶꦭ꧀ꦢꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁ​​ꦠꦸꦮꦤꦺꦩ꧀ꦭꦺꦧꦸꦲꦶꦁ​​ꦱꦺꦥꦸꦂꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦱꦺꦥꦸꦫꦺꦩꦁꦏꦠ꧀꧉

 

ꦱꦺꦠꦲꦸꦤ꧀ꦱꦮꦶꦱꦺꦲꦶꦭ꧀ꦢꦥꦶꦤ꧀ꦢꦃꦲꦶꦁ​​ꦱꦸꦫꦧꦪ꧈​​ꦧꦺꦴꦕꦃꦠꦺꦭꦸꦲꦶꦏꦸꦱꦪꦕꦺꦫꦏ꧀ꦏꦺꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺ꧉​​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦤꦥꦺꦭꦗꦫꦤ꧀ꦱꦶꦁ​​ꦲꦺꦴꦫꦔꦺꦂꦠꦶ꧈​​ꦧꦺꦴꦕꦃꦠꦺꦭꦸꦲꦶꦏꦸꦠꦺꦠꦺꦥ꧀ꦧꦶꦱꦱꦶꦤꦲꦸꦧꦫꦺꦁ​​ꦭꦺꦮꦠ꧀ꦗ꦳ꦺꦴꦲꦺꦴꦩ꧀꧉​​ꦱꦧꦺꦤ꧀ꦢꦶꦤꦩꦺꦱ꧀ꦠꦶꦲꦤꦏ꧀ꦮꦺꦏ꧀ꦠꦸꦏꦁꦒꦺꦴꦱꦶꦤꦲꦸꦧꦫꦺꦁ​​ꦩꦤ꧀ꦥ꦳ꦲꦠ꧀ꦏꦺꦩꦗꦸꦤꦶꦁ​​ꦠꦺꦏ꧀ꦤꦺꦴꦭꦺꦴꦒꦶ꧉

ꦄꦩꦶꦠ꧈​​ꦲꦤ꧈​​ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦭ꧀ꦢꦢꦸꦮꦺꦏꦺꦏꦫꦺꦥꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦫꦺꦥ꧀ꦩ꧀ꦭꦺꦧꦸꦲꦶꦁ​​ꦱ꧀ꦩꦄꦥ꦳ꦮ꦳ꦺꦴꦫꦶꦠ꧀꧉​​ꦩꦸꦭꦱꦧꦺꦤ꧀ꦢꦶꦤꦱꦶꦤꦲꦸꦧꦫꦺꦁ​​ꦏꦁꦒꦺꦴꦚꦶꦪꦥꦏꦺꦲꦸꦗꦶꦪꦤ꧀ꦏꦺꦭꦸꦭꦸꦱꦤ꧀꧉​​ꦩꦶꦁꦒꦸꦔꦫꦺꦥ꧀ꦏꦧꦺꦃꦧꦏꦭ꧀ꦔꦢꦺꦥꦶꦲꦸꦗꦶꦪꦤ꧀ꦏꦺꦭꦸꦭꦸꦱꦤ꧀꧉​​ꦧꦺꦴꦕꦃꦠꦺꦭꦸꦲꦶꦏꦸꦱꦿꦺꦒꦺꦥ꧀ꦧꦔꦺꦠ꧀ꦭꦺꦱꦶꦤꦲꦸ꧉

ꦄꦩꦂꦒꦱꦿꦺꦒꦺꦥ꧀ꦭꦺꦱꦶꦤꦲꦸ꧈​​ꦄꦩꦶꦠ꧈​​ꦲꦤ꧈​​ꦭꦤ꧀ꦄꦩꦶꦠꦧꦶꦱꦭꦸꦭꦸꦱ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦤꦶꦭꦲꦶꦱꦶꦁ​​ꦩꦺꦩꦸꦮꦱ꧀ꦏꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦸꦒꦧꦶꦱꦩ꧀ꦭꦺꦧꦸꦱ꧀ꦩꦄꦥ꦳ꦮ꦳ꦺꦴꦫꦶꦠ꧀꧉​​ꦧꦺꦴꦕꦃꦠꦺꦭꦸꦱꦺꦤꦺꦁ​​ꦧꦔꦺꦠ꧀꧉​​ꦏꦺꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧀ꦱꦶꦁ​​ꦥꦺꦴꦱꦶꦠꦶꦥ꦳꧀ꦲꦶꦏꦸꦒꦮꦏꦱꦸꦏ꧀ꦱꦺꦱꦤ꧀꧉

 

Kanca karib

 Dina iku, ing Stasiun Tugu, Amita lan Hana ngeterke Hilda, kanca karibe sing arep pindah ing Surabaya amarga bapake Hilda ditugaske marang kantore. Amita, Hana, lan Hilda wis kekancan wiwit TK. Sekolahe uga mesti padha. Nanging ing kelas 9 iki, Hilda kudu pisah liya kutha karo Amita lan Hana.

Iki Dina Setu. Lumrahe saben Setu, Amitw, Hana, lan Hilda mesti mlaku-mlaku ning mall. Nanging Setu sore iki justru dadi wayah sing gawe sedih amarga kudu pisahan. Rasane stasiun sing rame iku dadi sepi amarga kalah karo rasane ati bocah loro sing ditinggal kancane.

 

"Kowe kudu jaga awakmu ning kana ya Hil", kanda Amita.

 

"Bener, Hil, kowe tetep kudu semangat. Sinau sing sregep. Kowe uga kudi pinter² golek kanca. Kabeh kancamu anyar ing kana. Ning eling, ora saben kanca iku apik. Mung kuwi pesenku", Hana nambahi.

 

Hilda banjur mangsuli kanthi swara alus, "Kowe kabeh kancaku sing paling apik. Pokoke, jarak iki ora mutuske kekancan awake dhewe ya. Kita mesti tetep isa telpon, video call, lan chatting saben dina".

 

Mengkono obrolane bocah telu karo ngenteni sepure teka.

 

Ora suwe sepure teka. Hilda lan wong tuwane mlebu ing sepur banjur sepure mangkat.

 

Setaun sawise Hilda pindah ing Surabaya, bocah telu iku saya cerak kekancane. Yen ana pelajaran sing ora ngerti, bocah telu iku tetep bisa sinau bareng lewat zoom. Saben dina mesti anak wektu kanggo sinau bareng manfaatke majuning teknologi.

 

Amita, Hana, lan Hilda duwe kekarepan yen arep mlebu ing SMA favorit. Mula saben dina sinau bareng kanggo nyiapake ujian kelulusan. Minggu ngarep kabeh bakal ngadepi ujian kelulusan. Bocah telu iku sregep banget le sinau.

 

Amarga sregep le sinau, Amita, Hana, lan Amita bisa lulus kanthi nilai sing memuaskan lan uga bisa mlebu SMA favorit. Bocah telu seneng banget. Kekancan sing positif iku gawa kasuksesan.

Comments